Endahing segara
madu lan tetya hambambung rasa
rasa kang sejati iki
kumenyut sajeroning dada
Bebasan kidung asmara pujangga
hangripta basa
tresnaku tulus lan suci
tan bisa pupus salaminya
Ndika kang sulistyeng warna
sun puja rina kalawan wengi
pinda kombang hangisep sari
sari sekar dayinta swarga
Dhuh Gusti Ywang Agung
mugia tansah paring pitulung
tambanana sun kadlarung
agelung tan suwung ngrembuyung.