Minggu, 05 Juli 2020

KIDUNG KATRESNAN

Kidung Katresnan


sumiliring angin wengi kang nggowo kidung katresnan
hamiyak korining ati kang nandang pedhut
pedhut peteng kang sumebar ana ing ati
satemah agawe suko
sanadyan mung sedelo
nanging....
ati kang nandang peteng dadi anteng
ati kang nandang kuciwo dadi lego
ati kang nandang susah dadi bungah
mugo....
kidung katresnan kang sumilir
ana ing wengi iki
tansah teko marang aku
sanadyan mung sedelo
kanggo ngobati ati kang lagi lara

SUNDOYO MC PACITAN

 SUNDOYO MC. Master of Ceremony Adress : DS Pagerkidul Kec Sudimoro Kab Pacitan Peran dan tugas MC 1. Menata mengondisikan mengendalikan jal...