Senin, 06 Juli 2020

SERAT BEGANDRING MAYANGRETNO

PUPUH I
DHANDHANGGULA

  1. || [510] Manising swara manglipur branti | genging branta tan lyan kang kacipta | mung Jeng Sri Digbya pasihé | lan luhuring kang kawruh | ilhaming tyas ingkang sejati | trus trang kabul Panyipta | kakékat insanu | cam loro wus dadya jura | liyep nétra sawang sasi katawenging | wus tan rasa rumangsa ||
  2. || [511] Anglir tawon gumana sayekti | umpamané lir ményak lan pohan | sinigeg genti anggité | duk purwanipun tembung | layang Jawa panuju gandring | rikalanya kababar | ngulama kèh bingung | maido tinggal pathokan | tan nyana mring donga rasultan Jlayani | babar nyenyandhung watang ||
  3. || [512] Sapa nyana basan nora ngimpi | yèn kadhelé babaré mangkana | nèng buntelan dadi témpé | mengkono sanak kaum | kang lumancang peksa maoni | marang begandring kita | pinter dadi busuk | wignyané mring lapal gempal | darbé timpé tumandur tumajèng sabin | thukulé pira bara ||
  4. || Remengkuhen pangkuh tan mengkoni | tanpa pétung kamulyan ing Jawa | mung Mekah kandheg gandringé | mring wali sanga tambuh | tanpa gandring beskal Sapingi | kamuksan Nawa Sanga | irhas kramatipun | jan turun sabumyantara | Mekah Taip kang merbawa subuh nabi | surat jim paliwara ||
  5. || Duk sekabat ngratu genti-genti | twuh nèng Jawa beskal Sri Sindhula | Banjaran Sari anèmpèl | kratoné kangjeng rasul | Rara Panji saka ngejawi | irhas titis nembrama | langkep tiga sampun | ing Jawa ya beskalira | Prabu Kresna titis Wisnu irhas Jawi | mujijat pra gung Arab ||
  6. || Risang Mungsa ngraja kang beskali | Ratu Rama lan Arjunasasra | myang Brahim ratu beskalé | Sri Damar Maya ratu | Hyang Prabu Pakukuhan Aji | beskal kraton Hyang Adam | catur boja guru | lir kakékat insaniyah | dunung beska[513]l ing wahdat keng pacak sulih | ngiséni bumbung wungwang ||
  7. || Catur papat boja bau Jawi | sang pramèsthi sekawan baunya | dutuh mring papat bangsané | geni angin tri banyu | kapat bumi manungsa balik | bumi dunung pangarsa | banyu angin latu | cocog Kuran Surat Kanjar | pambukané bandhèk lapli twin maknawi | jarwané sampèng prana ||
  8. || Pulung irhas kang pancèn darbèni | para ratu Islam Kapir Buda | mujijat munggèng kenabèn | istijrat mungsuhipun | ratu kapir kang dhingin-dhingin | kramaté nèng uliya | sabuwana kembul | mangonah nèng mukmin keng kas | laras Jawa kya katégan awit tampi | titis kirhas Jeng Sultan ||
  9. || Sabda jeng duta Sultan besiwit | tarbukané ngèlmu rasa Kuran | kanggé umat Ingsun kabèh | pan iya srayan Ingsun | pra sabené kang nganggit tepsir | Sun buka rasa Kuran | tampi kulitipun | rasa jaba kaliminkal | rasa dalem bubuhané tukang supi | wruh bulet alit agal ||
  10. || Ngibarat tiga pra rebut lungid | nèng ora tutanapi orat dana | myang orat dara bukané | puleté temu tumbuk | tunggal ngudah surasa kalih | prauné dudu palwa | na[514]dyan larénipun | dudu laré anan kadam | pager bata dudu pager bata yekti | mungging glaring sulapan ||
  11. || Panggihipun sang Mungsa Hyang Kilir | pan katarik mring jagad walikan | wus kajumput wayangané | yu sang binuwang mring Nuh | babar palwa gya pinaraning | baita ing ngunggahan | blabagnya kahunus | binuwang wus dadi bocah | pinaranan bocah lanang dèn pateni| les prang tan ana landrat||
  12. || Minta suguh mring kono tan olih | ngancik dhukuh tatas mring sèluman | malaékat kinglam bangsané | isiné punang dhusun | pra rupeksa pangan paraji | sang niyakèng buwana | sandhangané ngriku | sang Mungsa semuka sisan | katon druwis kratoné datan kaèksi | dri gung wus tinggal batang ||
  13. || Gya cinipta sang Mungsa mring Kili | lir gedaut duk ing guwa greba | wus kajumput premanané | binuwang babar sampun | pager bata dhayongé kedhik | ing ayog mrah jejegnya | sang Mungsa kok nyaru | napa kresa ngalap opah | éyang wau minta suguh datan olih | temahan mring ran sunya ||
  14. || Yèn bares sawejangé Hyang Widi | mring sang Mungsa wayahé mèh prapta | ca[515]lon nabi dipundhèrèk | Yusak kantun nak putu | saben nabi panggih lan Kami | grebané paripurna | kamuksané rampung | lengkepé murni purnama | sampèng éblis datan kuwawi ngewori | jrih nunggal suksma nangsa ||
  15. || Wewah malih teka lakinèki | biyang darbé suna lanang ika | mung siji pangèn wayahé | yèn panjanga kang umur | dadi ratu agama kapir | agama bapa biyang | mring aganipun | tuju mati kesamaran | bapa biyung getuna sru ngolang-aling | pra nuwun mring Pangrannya ||
  16. || Kaparingan liru anak èstri | nèng Sis dewa saha palakrama | pangguh nabi duk jodhoné | patut tan olah tangguh | arak Yusak woné awegig | arja dhapur sang kelat | pamor gang gong kanyut | empuné Kilir gunungkap| sarungané kayu jati purwa dhingin | nyamleng manjing curiga ||
  17. || Akadiyat lir pucukèng dhingin | wakidiyat cukul bung lonjoran | munggèng wahdat dhapurané | Kuran wangsalanipun | yatim loro tunggal prajadi | yatimé akadiyat | lan wakidiyat ku | anunggal prajané wahdat | bapa salèh tuduh kulukiyah [516] kadim | dhèk wang-uwung wus ana ||
  18. || Pager bata lir Loh Kalam dhingin | labetipun pangambil iktiyar | kang juluk kalah jatiné | gedhong geng ngandhapipun | sang Hyang Rakim pangil bitaklit | labeté swarga nraka | kakékat insanu | gya pangil bitabngi babar | juluk rahman nur labet manis wiyadi | kenthosé bumi kasa ||
  19. || Kuran crita wangsalané dadi | satriya nom nèng jro guwa néndra | pra ratu landrat cacahé | wonten kang mestani tlu | kapat asu aranirèki | lima rané srenggala | wenèh batang pitu | kwalu sunawèh wangsalan | mila sekti martabat binukyèng tulis | pambatangé pra nglama||
  20. || Lir cangkriman satriya anangis | manglongmanglong pilenggah nèng lawang | pinaran meneng tangisé | lumayu tangkep pintu | sampun pasuk nèng jinem wangi | ujaré kang yun batang | kula sambang dalu | sru samar sanget petengan | nèng tretepan kang kapanggih maling gangsir | nèng jaba sru sesumbar ||
  21. || Jroning batang cangkrimannya sungil | pra pandhita mring kang katiga wal | kadimé mukakat kabèh | kapatnya kang rinebut | wonten ingkang mestani kadim | wenèh [517] ngarani anyar | kang kèri tatelu | anyaré sampun mupakat | sarebutan loro slayaning gandring | batangé kaya paran ||
  22. || Yèn batang amilu salah siji | apa nyata kang sijiné salah | kandhega milu karoné | bicara durung rampung | pambatangé miyak keng dhingin | kang sumlanèng ing madya | sang Nun kang dumunung | lapal Kuran nun wal kalam | dhapuripun ora kadim tan nganyari | kang nuksmèng ulama loman ||
  23. || Kala nguntal mring sang Yunus nabi | munggèng grebe sang Nun palimarma| ywa kongsi dadi duduné | sinebul ngastra jatuh | kesayahen sang Yunus sakit | nèng langit girang-girang | Jabarail gumun | alok-alok uluwiyan | Nabi Yunus kawimbuhan rasa jati | dhuh babo sanak ingwang ||
  24. || Dulur tunggal pinong kangong dhingin | dhèk si biyang nglairken bapaknya | glar ngisor lucu panuté | si Manikmaya Wisnu | Manik guru bumetoni | dhapur sang Wisnu Brama | pan rada si dhawuk | kestèlé si jambul Semar | pra kapantheng gumlar pindha-pindha kapi | lir sang Nur kanabéan ||
  25. || Tembilung lan si Tagog serakit | wong sakestèl tunggalé [518] sabangsa | si Manik metu pencaré | dilelèngèng lir kéng Sun | kala wijil munggèng jemparing | cam loro sagendhéwa | kendhengé kumerdut | jemparingé mrana-mrana | Manik loro tatas tetesing jemparing | suwungé dadi gumlar ||
  26. || Sun nèng langit kang kula bantuni | banyu tebu Eloh Makpul kana | sang Nun kala mupalilé | mudasir sang kestèl wus | surasanya nèng kapat kapi | bligo nèng ngandhap pisan | Manikmaya Wisnu | babar tengkwèh ngenti mangsa | mungkas duta bumyantara salat injing | Wisnu murca Budanya ||
  27. || Sloka Jawa basuta basuti | basunanda basuta ulernya | basuti enthung jarwané | basunandané kupu | pra banu jan uler upami | binuwang tibèng Jawa | babarané enthung | ngalih aran Manikmaya | dadi kupu Sang Hyang Wisnu wijining jim | bapané Nawa Sanga ||
  28. || Mulya Wisnu pindha uler malih | babar enthung pulung kraton Jawa | wit Pakukuhan titisé | sampèng Banjaran Santun | pamungkasé Sang Wisnu titis | tumbuk kélawan Brama | Demak babar kupu | dhapur kalih nama irhas | nèng Bintara kramaté [519] nitis pra wali | nèng Jawa gunggung sanga ||
  29. || Jeng Susunan Ngampèl Benang Giri | Gunung Jati Geseng ing Ngudangnya | Kudus Sang Kalijagané | sangané Siti Dadu | Islam Jawa yagi ngèstuti | sang gunung wali sanga | ngilahila dunung | lir dudu salating iman | krana suwung nèng pathok Semara Kandhi | Jawa rèh dhestrik jaba ||
  30. || Kraton Arab bangsa Loh Makpuli | wit sang Adam kapacak nèng swarga | pra malékat sujut kabèh | kabangsa guwanèku | kabuwangé tiba nèng siti | kuldi kang wus dhinahar| Mekah tuwuh gandum| tata mula gama mulya | pungkur nabi sabat papat ganti-ganti | wus gentya catur makab ||
  31. || Pakukuhan purwa catur Jawi | basa swargané Hyang Guru nata | pencar gaga hong ngilahèng | suku Buda gamèku | anèng Demak babaré suwi | rasa Kilir muksanya| sampé nèng Mentarum | puleté sura sakitan | bangsa Arab kramat kratoné ginanti | mangonah kya katégan ||
  32. || Rasullupa Pangran Jambu Kawis | gabahipun Pangran Angin Atas | Sang Ali rasa aluné | babaré bras tinempur | bakul tekdir kula[520]k ngusungi | ing Ngampèl lan Bintara | pra bethak amunuk | kemlakaren Sèh Lemah Bang | padharané kineruk ngirus kepati | kwaregen beras anyar ||
  33. || Pakukuhan Buda nicil pari | mlih nguntut bras glaré Sri Sindhula | dédemak sega babaré | mran liwet pitik rampung | wali sanga dhahar menuhi | klan menir kya katégan | mecel pitik putus | Jawa wit sumektèng kitab | Sèh Lemah Bang gabahgabah dèn pususi | kasusu selak doyan ||
  34. || Uler Jawa Sri Banjaran Sari | babar enthung aran Jayabaya | merwita guru kinaot | Pangran Tas Angin kupu | babaranya Jisaka wegig | muruk mring Jayabaya | nusul dadi kupu | nama Pangran Jambu Karang | loro dunung katiga bagèndha Ngali | gedhong geng raswa Jawa ||
  35. || Uler lemah enthung tapel dadi | babar kupu ingsan pindha Adam | ingsan awal ing kunané | nur nab sanab si juluk | babar enthung pra silih malih | nabi jitngi jara | dil matut maluhung | babar kupu Hyang Mukhamad| bun ngadilah Salalahungalaihi | musthikaning rat raya ||
  36. || Kanthi kestèl uler bangsa inggil | pan jejuluk risang [521] umul kitab | wagugen mungguh tangguhé | tan ana kara suwung | tumuruné mengandhap brenti | munggèng Loh Makpul babar | sang Kuran sih enthung | mengisor ing sampèng paran | dadi kupu musakat tinulis mangsi | pinuju rayaning rat ||
  37. || Duk angremnya nèng Loh Makpul dhingin | miyos enthik lir kimpul plaosan | dhapur enthik pindha pulèh | Torèt Injil lan Jabur | lengkep tiga kapat pancer ning | caturnya pra puletan | tlacara tumuwuh | metu satu sametu pat | puletané Ngilahi lelaku dhingin | nyenyeb kendheng bugama ||
  38. || Camé kalih sagendhéwa tunggil | kandheng apngal jemparingé asma | mrana-mrana lepasané | lir indra jala kembung | ana indra jala mring maling | ana drajala panah | paran cocogipun | mungap mungupé lir panah | jlalatané Jayajatra anglir maling | duk anèng gedhong waja ||
  39. || Ratu kadim baka wahdat jati | miyosken nur pan sulih wus pacak | Winenang Tunggal juluké | Manikmaya wal tuwuh | musthika Adam ngratu nèng swargi | dulur sebangsa ngraman | blis thukulé lumuh | kapindhoné Manikmaya | Wisnu ngratu kanil murni na[522]mpèni sih | kabar ngrasa kadinnya ||
  40. || Puletané miyosaken wiji | nora jan tu kanil rasa tunggal | mung kabar dadi anané | kanilé dhé tumuwuh | hongilahèng siwah boja mring | nyanané Manikmaya | buka wujudipun | Wisnu titis Pakukuhan |pencar gaga tata gama Buda kawit | wijiné siwah boja ||
  41. || Iku bukakané candu murni | rasa Buda pencaré semana | kang merwitana guruné | pamungkas Karang Jambu | meguru mring Pangran Tas Angin | mring Ngali amerwita | surasa tri campuh | ngawruhi tèng sung gumana | nèng ashadu lir trumpah ana ing sikil | babaré Jawa sanga ||
  42. || Puletané Demak Ngampèl gadhing | tampa rasa panunggalirèng glar | saking Atas Angin rèrèng | keng pinolah swarga gung | sang Loh kalam kang bekakasi | trubusé tembung Kuran | melok malir rampung | memet mengeng saniskara | kadim anyar kang gumlar anèng Kurani | satengu tan kliwatan ||
  43. || Puletané Manikmaya kalih | babar Demak Pajang lan Mentaram | sampé kiyamat putusé | wahdaniyat tan ucul | swarga nraka cukul gumanti | énaké ngèca- [523]éca | laranya gung runtuh | ngareparep paripurna | mirmana hyang kang bangsa ajalé dadi | Kuran kila macaa ||
  44. || Begandring ku kala bocah cilik | swarga nraka nora kena rusak | malah langgeng selawsé | Sang Kilir kala bunuh | iku anak Adam kang mati | myang glaré para déwa | Nawa Sanga Wisnu | tan langgeng nèng dalil Kuran | wali sanga prabawané tan nguruni | munggèng kamuksan Jawa ||
  45. || Sareng gedhé sun begandring malih | swarga nraka pesthi kena rusak | ora langgeng selaminé | Sang Kilir kala bunuh | lain anak Adam sayekti | tuwin glaré pra déwa | Nawa Sanga Wisnu | wus pesthi langkep nèng Kuran | wali sanga prabawané anguruni | munggèng kamuksan Jawa ||
  46. || Wahdaniyat dunung tri prekawis | awalipun wahdaniyating dat | dwi wahdaniyat sipaté | edat tetiganipun | ran wahdaniyat apengali | katri loroné atunggal | puletnya pra jumbuh | lir pawor toya sin tawa | nèng samodra ombak antakeng nengahi | arja kuloyab giyan ||
  47. || Wahdaniyat pamesthèna tampi | ken kamuasil lan mupasilnya | kamutasil panetesé | [524] pangranthi tuwin runtung | babar bareng nèng wujud tunggil | wus pana kang kababar | tri pangran tan anung | Sang Hyang Akat lan Wakitnya | tri Sang Samat babar Pangran Mribadéni | ya dumadya ing Allah ||
  48. || Pamupasilé sliringan kedhik | tegesipun twan barengan ingwang | ingkang kodrat kiradaté | ganep ganjilé suwung | tanpa srana barjah nengahi | mung kadiran muradan | dwi netes pra kuthung | rebutan kodrat kiradat | pating srendhil ngremnun nur woran tan dadi | Manikmaya twi gaga ||
  49. || Wahdaniyat saka pat wus pesthi | ngilangaken sang lir wewilangan | kaya paran parikané | mring dicacah rong puluh | kaya-kayan sarat nengahi | Hyang Ngèlmu lawan Kalam | sulgra barjahipun | kobra wujud wahdaniyat | kayan-kayan pengipuné kalih dèsi | mring namer wahdaniyat ||
  50. || Wahdaniyat apngalé wus pesthi | dudu kalé jaré usul du rat | dudu luk tasawabé | munggèng begandring putus | Sang Hyang Wahdat satu mukswaning| kang mengkoning kasidan | rimbagané dudu | Manikmaya karo pisan | bisa miyosaken jagad manungsa jim | Sang Wahdat kamuksanya ||
  51. || Wahdaniyat dat ginupit malih | ing aran pa[525]ngil bital iktiyar | Sang daniyat ing sipaté | pangil bitablil juluk | ing aranan pangil bitabngi | sang wahdaniyat apngal | tiga trine tumbuk | musitpatkul mubin tunggal | dyan kasawub Kuran laras usul resmi | patut jaga kamuksan ||
  52. || Talukipun mring mokal lan wajib | sipat kalih kodrat twin iradat | munggèng martabat pangkaté | kang pesthi nora takluk | kodratipun pangil bitabngi | kranang wus bangsa rahman | juluk Hyang Lairngu | déné pangil bil ihtiyar | kodratipun sabangsa Allah keng batin | takluk mring wajib mokal ||
  53. || Kodratipun sang pangil bitaklil | talukipun marang wajib mokal | sama jugak lan orané | apa ta mulanipun | krana pangil juluk Hyang Rakim | mari dhapur pangéran | mengérané suwung | Gusti wus semu ngawula | kodratipun babar lir dèn incrit-incrit | taluké api ora||
  54. || Lebé Jawa sru bukak begandring | talukipun twin orané pisan | kodrat iradat lakuné | ana kusur kinusur | wenèh sapa sinapa bengis | kayèku kaya paran | apa kang tinemu | apa bangsané malé[526]kat | kasukèng sih sangking wadaniyat murni | twin Rambu Culung suksma ||
  55. || Kuran crita kraton gung linuwih | bisikané raja Adi Rama | dalil ngimak nèng juluké | mengkoni rat trus laut | tan isiné manik sotyani | pindha prabu wanodya | lapalé nèng juluk | namèstri dadi wangsalan | suka warah mring wadoné Bengawan Nil | lanangé Kali Purat ||
  56. || Pindha plencung Sugriwa Subali | anèng Mesir lagya bawarasa | angucik sandhang pangané | pinipu mring ki empu | Empu Lobang ing Maospait | karyané bebotohan | marang Kali Wungu | wus pepak wadya ing Tuban | kadya gerah pangamuké Umar Madi | wong Ngestina puyengan ||
  57. || Puyengané wong Ngestina yekti | nora dora krana giris gila | mring Kresna tiwikramané | Ki Umar dadi dulu | lir Raja Ngat nèng juluké astri | nyatané nyertu driya | gagah prakoswanung | ngukup isiné samodra | mirah inten sirahé bengawan kalih | Nèl wadon Purat lanang||
  58. || Tembung Kuran munggèng kawi lungid | ana lanang juluk lir wanodya | lamun kinarep wado[527]né | pan sida dhapur ayu | palakrama asor nèng guling | dhaup satriya raja | sangkut resmèn baut | patuté lakon jim babar | yèn binuka tata lapal bandhèk lapli | metu glar bangsa déwa ||
  59. || Pindha lapal pil ngilmi wasjismi | lapal jinis purwakanthi kembar | tuduh surasa dhèmpèté | lakuné raja talut | dadi ratu wahdigbya sekti | bandhèk lapli rinasa | kestèl jim tumuwuh | pranaké jan Sang Arjuna | bagus sekti margané kuwawa mati | sang talut wijil kinsan ||
  60. || Inakyanuwaka onat muni | lapal dhampit sampé mring surasa | ran cahya dhingin wiyosé | sang bayi gatra durung | bandhèk lapli ananya ngrimbi | kapapan Jawi purna | pra déwa sung juluk | tutu kalu majang séla | Gathutkaca ngrasuk antrakusumadi | pra cona maju gempang||
  61. || Wajiktukamin babbin nabiin | lapal dhampit tuduh rasa kembar | yèn Saba ing kekuthané | na agal wonten lembut | mungging agal manungsa goning | lembuté jim king dhangka | Sri Bulkis nèng ngriku | ing nguni garwa Sri Salya | Secawati labuh yuda klayu mati | tri lokèng kutha Saba ||
  62. || Inahunana sandikal wadi | [528] waka najini sèmu siyan | tuduh mring surasa dhèmpèt | Sang Ismangil nèng laku | murni seca legawèng budi | munggèng murni gumana | pulungé jeng rasul | pamungkasé kanabéan | bandhèk lapli wijajil pulet miyosi| lakuné darma putra ||
  63. || Ratu Buda pinandhita murni | kanthi kestèl jamus klimasada | mring Salya paran patiné | Secawatiné labuh | babar garwa Suléman Bulkis | pan minangka lalahan | Pangran Atas tuwuh | merwitèng Ngali bagéndha | mulang murad Pangran Jambu Karang Jawi | tri loro rasa tunggal ||
  64. || Kolakkennal insanamisallim | wal janakalak kennalukana | bandhèk maknawi muradé | manungsa wijènipun | dwi rinasa agal lan alit | sang nur tanapi Adam | duk ghaibé campuh | puleté surasa wenyar | nginggil ngandhap pra kestèl déra miyosi | Loh Kalam Manikmaya ||
  65. || Bandhèk lapliné rinasa mijil | wijining jin jan catur prakara | bangsa pitwin marutané | bangsa érnawa lembu | Sang Nur cahya ran Jawa lair | nur rasa Sang Hyang Wenang | Hyang Tunggal pra campuh | babar Wisnu rasa tunggal | Manikmaya pindho Wisnu kang murwani | jagadé gumlar nungsang ||
  66. || [529] Ngalam ingsan miyos munggèng swargi | duk Sang Adam tanpa nyawa gesang | tibèng bumi antarané | ngalam sahadat tuduh | ngalam Mulki tuk sanga mijil | banu jan duk binuwang | nèng kasanga campuh | metoni kasa buwana | kapan tangkep bumi jim tumrap nèng nginggil | langité anèng ngandhap ||
  67. || Pra pengapit sampé catur bumi | babarané Manikmaya awal | bumi bangsa manungsané | jim agal manggon dhuwur | mangandhapé pangkat saya lit | musthika jim kang munggah | ambles buwanèku | panggihèng naga pratala | Antaboga dhaup mring Dèwi Pratiwi | patuté bumyantara ||
  68. || Lamun wonten pertanya mranani | yèn mengkono glar pra jim semuwa | samya jungkir pangadegé | wangsulana dèn putus | tanpa prana mring jagad cilik | kapacuk manut angga Dam | sapangadegipun | jagad agungé perbéda | lir wayangan wong ngilo mungkur caremin | ngalam ingsan mring wiyat ||
  69. || Glaré isan lir dlamakan kalih | pra nampani titis sang nur buwat | Arab mijil mujijaté | sang jan gamparanipun | tanpa titis Sang Wisnu murti | pra nglairaken irhas | nèng jawa digbya nung | kalah nèng Budha ma[530]rasa | miyosaken rasa wangun Arab Jawi | glar Demak catur iman ||
  70. || Demak wali pra sanga nampani | babarané rasa nawa sanga | sangking kasanga wiyosé | banu jan dumadya wus | wolung jodho nèng tapel Jawi | tapak asta malékat | mring kestèl mèh Dhaud | rontogan badhé kadhahar | pra banu jan tapa rasa gya don jurit | binuwang mring kasanga ||
  71. || Jan kapindho muksèng nunggal siji | nèng banu jan muksa Wisnu babar | sampé nèng branta yudané | Secawati muksa wus | ngirid bala mring saba Bulkis | trah Wisnu Sang Nuh tedhak | kraton ngejawa wus | dhaup Prikesit puning trah | metu blaster Sindhula kang merbawani | campur mor Hyang Suléman ||
  72. || Sang jan awal enthungé ngijajil | dadi kupu aran belis lanat | wus sumanggep pasuk gedhé | gya palakrama dhaup | panggih dèwi awak nampani | yah tuwuh ngawangawang | tlasip tapel langkung | patuté sétan jim babar | pindha sripit tuwuh nèng telesing siti | tanpantara glis wendran ||
  73. || Duk palwa Nuh ngambang puser bumi | swarga loka kumambang kasanga | sang siti miyos sendhangé | manu[531]sèng betharèku | kamulanya sendhang dumadi | lir ratan swargèng gesang | tilas siti tuwuh | alus kagal banu jan | nginggil resmi ngandhap anut pulet jurit | mlesat dadi tuk sanga ||
  74. || Sang Loh Kalam Ngaras Kursi lair | miyosaken pangarep malékat | sang nun kala mupangilé | mudasir sakestèl wus | Manikmaya ngakirken bumi | rasa nginggil gumana | nèng bumyantara nung | numpang tapel jan banu jan | sareng babar Nrada Semar semu nempil | Tembilung Tagog babar ||
  75. || Ana jedhung Swangsa semu sigi | kababar enthung ngejawa Jisaka | madeg ratu glis lumèngsèr | nèng Jawa tinggal sunu | dhapur naga krura tur sekti | kabuwang nèng kasanga | dhapet cilaka wus | kendhangnya sru mangun puja | dadi kupu merwita bagèndha Ngali | Pangran Tas Angin babar ||
  76. || Yèku beskal dhestrik Jina Sibin | Prabu Pakukuhan Damar Maya | Sasrabahu Rama rajèng | Kresna Panji digbya nung | kapileren Banjaran Sari | enthungé Jayabaya | babarané kupu | nama Pangran Jambu Karang|rasa mpunya tampa wejang gama suci | sangking Pangéran Atas ||
  77. || Musthika jim gunggungé sakethi | kalih le[532]ksa kawan èwu lanjar | roro tunggal gedhé gedhé| Sang Jambu Karang wau| lan guruné Pangran Tas Angin| duk merwitèng Ngali sang | surasa tri campur | ngawruhi tèng sugu mona | nèng Ashadu lir trumpah nèng ngisor sikil | babaré Nawa Sanga ||
  78. || Sang Nuh garwa tiga samya babit | siji-siji kraton putra tiga | Sang Kilir ibu roroné | tigané Kenangan babu | murca sareng putra duk warih | kababar jajah lanat | Kenangan rabi byung | dhapur èblising kalihnya | Nabi Kilir dunung malékat ping kalih | Sang Nuh kapindho Adam ||
  79. || Hyang Ibrahim mring Sang Nuh mindhoni | miyosaken Sang Ismangil Iskak | roro-roro gendhingané | tembé blaster jim tuwuh | nganam siyah bangsa Ismangil | lim lap jim basa Ikak | Swangsa blaster jadhug | glaré ngilahila Kuran | wijining jim ton loro Wisnu lan éblis | manungsa nur twin Adam ||
  80. || Tedhak insan nèng rum paris ngarti | turun kang nèm nèng kapsilèn Cina | trah ya wis pulo Turkiné | lan nungsa jiwa ratu | babar Raja Sindhula dhingin | sampé Banjaran Sekar | babara[533]né enthung | Jayabaya wiji raja | dadi kupu Pangran Jambu Karang wiji | rahsa gung wali sanga ||
  81. || Munggèng ratu saniyaka tunggil | sabilipun nèng panata praja | gampang éwuh bubuhané | nèng pandhitané dudu | munggèng gandring lapal kang sungil | cocogé lawan makna | trangé gampang tinut | pikir meskin sabil ira | tata nepsu Rambu Culungé tinebih | sabdèng Ngali bagéndha ||
  82. || Rambu Culung éblis awalnya jim | blis kapindhoné buthara kala | aran déwa Mukamadé | bara Adamipun | ngalam ingsan wahdatnya jati | déné Wisnu kang awal | bapakané guru | Wisnu dunung ingkang putra | nèng ngalam jim ngalam ingsan kang pinuji | jagad déwa bathara||
  83. || Sloka Jawa basuta basuti | basunanda basuta ulera | basuti enthung jarwané | basunandané kupu | sang basuta kasut upami | basuti tambur tiga | plompong nandabasu | kasul lir Sunan Mengkurat | tambur amral bukak plompor dhapur janji | tri roro rasa tunggal ||
  84. || Munggèng kidung lir wiji suwiji | pencar dadi isining jagad rat | kasamadan déning Daté | kang maca anon ngrungu | layang babadipu[534]n nestiti | tan kena kawoworan | katri lungidipun | pindha rasa panunggalan | kuna mula dasih mono dudu Gusti | Gusti bukan kawula ||
  85. || Lamun dasih peksané gumusti | lagi ngrasa anèng tembung babad | Surapati nora bulé | yèn Gusti kang mangangkuh | panuksmané kawula olih | cocogé rasa kuna | duk miyos sebda kun | wiyosé wiji prabawa | sinung kula wisudha nèng Mekah lair | risang pada Winenang ||
  86. || Kassalatu wasalamungalih | ingkang kula wisudanirèng Hyang | tetep nèng nabi kinacèk | kula kawi jarwanung | panganggepé Gusti mring dasih | ulun pra nyatèng para | sirèku katèngsun | wisudané darbék ira | kanggo tèngsun para barang tan darbéni | mung dermèstu pra sonya ||
  87. || Lir paworé banyu tawa asin | tinengaha déné ombak anta | Kali Opak sawangané | dadi mingsil putus | panatasé mring Kuran lungid | lir Rama branta yuda | lawan tepsir dhaup | kang nengahi layang Ménak | sampé rasa munggèng glaré manungsa jim | karo nyata hyang samar ||
  88. || Pu[535]letané lidhah lawan galih | metu gandring Ambyah Jayèngrana | mula loro preyayiné | Kamjah Ismangil lungguh | tedhakipun sang Iskak yekti | turuné Jayèngrana | Kali Sahak tuduh | ku betuwah sangking Iskak | munggèng layang tembung tumpuk dhapur siji | surasanya sisian ||
  89. || Layang ménak isi Ambyah kalih | tuduh minangkané bayi kembar | adu gigi lanang dhèmpèt | Ngapdul Manap pra turun | bayi roro Ambyahnya kalih | Kamjahé nunggal slayang | bayi tunggal swadhuk | surti pindho kalih wekas | wis sangarah lor kena kidul pinilih | binuka ing deduga ||
  90. || Ingkang séda ing piwulang dhingin | yèku Ambyah jeng nabi keng paman | numpak gunung Kut semaré | krama jim swargénipun | tinggal patut kra isin dèwi | manungsa jim blasternya | mring Sang Ngali dhaup | bola blaster Kanapiyah | sudigbya nung sumbaga prawirèng jurit | kèntasé Yajit raja ||
  91. || Kestèlipun Ambyah turun Bulkis | Sulémané tedhak bangsa Iskak | manungsanya jim blasteré | Ngabdul Bun Talip dhumpyuk | kembar [536] nama éyang jeng nabi | seprana nama kembar | Ambyahé sesunu | Swangsa babar Ajisaka | babar ping tri nama Pangran Atas Angin | kutha séluman Arab ||
  92. || Pun nang andhé kundhang Arab Jawi | Nyaira Kidul anèng pancingan | tuwin nèng prang kusumané | catur pra nyata tuhu | titikané arang kapanggih | munggéng nétra kepala | krana Nyira Kidul | tanpa tabon milu sirat | ngambil banyu durung tumon gèndhong sedik | adol uyah mring pasar ||
  93. || Pan mangkana glarnya Sri Sakaji| munggèng Arab dunung nèng sèluman | tur pra jim panunggalané | mring manungsa yèn pangguh | mangsa kala jagadira jim | lawan jagad manungsa | olah lambang santun | jagad walikané babar | gènya panggih pun nang isi manungsa jim | atut Buda mapanggya ||
  94. || Rasa ambyah nuksmèng kutbah mesjid | sasat sumbar sun Manikmaya wal | bumyantara Taip Makèh | tapel sun kang jinumput | labuh jangkar palwa Nuh dhingin | Sang Brahim mangun tilas | ngriku salat sabuh | pamungkas cahya nur buwat | titis Wisnu pra myarsa waosan nabi | rebuten rasaningwang ||
  95. || [537] Rasa jayèng rana kagyèng siti | nuksmèng trebang kasèrènan sumbar | sun Manikmaya pindhoné | tuk kasanga katèngsun | kasèrènan banu jan ngalih | buwangen bumyantara | babar dhapur Wisnu | wiji swarga nung sapada | nitis anèng Pakukuhan nandur pari | rebuten beras ingwang ||
  96. || Mupung sira nèng karipan mangkin | tembé mulih maring kaélangan | nèng kono séjé garapé | sampé para mring kubur | panggih sanak Mungkar lan Nakir | nèng kono mung sedhéla | kesaru yang nguyung | bumi langit selak pulang | mring kasirnan sétani para kapanggih | nèng jagad sangkan paran ||
  97. || Pangencoté pan sumengka malih | ngancik jagad bangsa sang nur Mungsa | swarga nraka roro dhèmpèt | swargané undha walu | nginggil pisan kang sarwa mamring | widadariné sonya| rampadané suwung| sumajiné nganti kersa| munggèng nraka Raja Pirngon ngolang-ngaling|ngèsthi wor sangkan paran ||
  98. || Sèh Lemah Bang taken sangking nginggil | para ratu kok kena cintaka | kaya paran parikané | sahuré ulun lucu | tabon klapa gumlundhung siti | kalonthang ngaku lenga | kan sepeté ka[538]tut | katanya gumuyu latah | destun kita klentikan kanil nèng kwali | pon-ponané pinatyan ||
  99. || Lir wong maca ulun tanpa dhong dhing | tinggalaa dirga nirèng pana | bener sukertaning akèh | nèng praja cara gunung | rena sendhon samargi-margi | pra cundhuk kembang sungsang | pengrasané patut | Sri Pirngon nguruni sabda | pati para pambingkas luputmu kecik | muksamu paripurna ||
  100. || Nora surup mring karipan kami | nemu pati satru ning malékat | sampé kono kang kebolé | lanang gung adhuk-adhuk | kang dhumuni landhepmu dhimin | lepasè sampèng paran | kok kecocog sempug | méncok bumi ngisor pisan | padha-padha panganggep idhep ngekoki| tan mèmper Sèh Lemah Bang||
  101. || Munggèng nraka ulun nèng Yumani | Sèh Lemah Bang sira sanak ingwang | dulur tunggal landrat gedhé | kang sinambat mara wus | pacuk nunggal buwèn Yumani | Sri Pirngon sru pretanya | para raosipun | pacuké buwi nèng nraka | sahurira tan wruh rasaning Yumani | sun ngancik rasa swarga ||
  102. || Kursi kena pirang-pirang losin | rampadanèng pangkèng isi kenya | busana ngong wus nèng [539] kéné | Pirngon dulu sru muwus | sun mruwita mring sira kyai | supaya surasanta | pasuka katèngsun | tan bolé wangsulanira | kasèp nglalu duk legan susah punapi | wus bunting minta sengkang ||
  103. || Nurun pathok kitab ingsan kamil | wonten sawijiné waliyolah | munggèng nraka panggonané | panasé lara larut | saniskara ngres linuding nir | kari ming srané sumrah | angrasa swarga gung | catur apadu pléwatan | sayektiné tapyangèl dara mrih tampi | yèn tan hen dhapur rasa ||
  104. || Ngira slaras catur keng wus tampi | wuwuh duga puleté wetara | Pulo Jawa kwalèhané | Mungsa ngawus kawuwus | manusa stanya winitawis | wah bangsa jim Siti Bang | sanga langkepipun | cocog lan purwa nur Buda | bathara sthawah nrada katut nèng Siti | wateké Nanawa Sanga ||
  105. || Sloka Jawa basuta basuti | basunanda basuta ulernya | basuti enthung jarwanné | basunandané kupu | sipat wujud uler upami | sipat kayat enthungnya | kayan nunggal nèng thung | babar kupu wahdaniyat | pan mangkana bangsa tananjul kang milis | bangsa tra timé [540] béda ||
  106. || Uler kayan babar enthungnya wis | sipat kayat kupu wahdaniyat | wujud nunggal nèng kupuné | tatas martabatipun | akadiyat ulernya dhingin | wakidiyat enthungnya | sang wahdat wis kupu | slokané Kilir bangèndha | mring Sang Mungsa yatim tinunggal prajadi | cam loro sagendhéwa ||
  107. || Alam arwah yèn uler upami | babar enthung dhapur lamijasan | ngalam majesan nunggal thungé| ngalam mingsal wus kupu | munggèng tarki salin begandring | uleré ngalam mingsal | wus nunggil mring kupu | manut babar awit kirang | … | … ||
  108. || Hyang Iradat yèn uler upami | babar enthung dhapur sipat kodrat | Sang Ngèlmu kupu babaré | yèn samak uleripun | enthung ira ngalam dumadi | kupu nulya ulernya | dhapur sipat ngèlmu | enthung kalam kupu kayat | pan mangkana pangipuné kalih dèsi | mring nama wahdaniyat ||
  109. || Uler wadon Dèwi Setyawati | babar enthung nama Bulkis raja | garwa Suléman kupuné | andhé uler Maryam nung | enthungnya bras kupu segandi | ulernya sa maésa | babarané enthung | sampun kontrak nama ulam | dadi kupu brege[541]dèl purasa ngalih | kestèlé seganing rat ||
  110. || Patemoné bapa lawan bibi | babar banyu pan uler upama | dadi enthung wetengané | wiyosé bayi kupu | mangka uler bayi upami | enthungé aran bocah | wong dadiné kupu | mangka wong uler upama | enthung tiyang dadi kupu manungsa wis | waskitha isining rat ||
  111. || Wus ngranggoni ingsun mangèstuti | satuhuné klakuan semuwa | boya wonten pangérané | katampa sembahipun | ngalam agal myang jagad cilik | wantahé kamuksanya | agalnya myang lembut | nginggil ngandhap sangkan paran | namung Allah Pangrané dunung sawiji | ngecaki mrana- mrana ||
  112. || Lan ngranggoni manira ngugemi | satuhuné jeng nabi pamungkas | pramugariné Hyang Manon | duta winenang juluk | duk cam kalih anggendhéwani | jemparingé mranamrana | kendhengé kumerdut | tur nyakrani Manikmaya | roro babar Atas Angin glar pra nabi | bawah angin pra déwa ||
  113. || Lir wong jagal lidhah lawan galih | kudu wijang padolé nèng pasar | krana mejajiné sèjèn | trusé rasa tan jumbuh | panganggepé sang astha wali | anggoné [542] Sèh Lemah Bang | kok kakéan dunung | lidhah ulam manah ikan | nora dora sayekti nunggal seganting | nèng pandum cara kékah ||
  114. || Cara Banong ampas lawan kanil | munggèng kwali kudu pangkat wijang | krana pas sepi lengané | Sang Mungsa kresanipun | jaré Pirngon tan kedhah kedhih | ampas mono ya lenga | kala kiringipun | tununé babok sepetnya | miyosaken puning lenga sangking kanil | nadyan sepet ya lenga ||
  115. || Tanpa ngrasa jaré ali suni | pra panggawé mung kang bangsa kuna | prandéné akèh panggawé | jabariyah pambegnya wus | kang mranani mung bangsa kadim | kadariyah pambegnya | mung bangsa nyar lugu | pranané sakèh pra karya | tiga pisan pan ora kena cinuwil | mring ali suni nunggak ||
  116. || Tuduhipun sipat jalal yekti | wadhah mangsi yèku saupama | sipat jamal nèng mangsiné | sipat kamal puniku | puning andhé bané mangsi | sipat kahar wisésa | kalam glèthèkipun | basa kun kersanirèng dat | pa yakuné karsanya sipat Hyang Widi | kang kresa sipat jalal ||
  117. || Tegesé kun kalam dumuk mangsi | payakuné mangsi tibèng papan | manglumah iku ara[543]né | maklumah kalihipun | ilahiyah ping tiga jati | kaping pat johar awal | kawruhana iku | kalima ahyan sabitah | kaping nem mèhing ngaranana jud supi | Adam supi ping sapta ||
  118. || Tata Jawa mulya gya sekawit | sirhas Demak kramat Ngampèl Bènang | roro Wisnu babarané | kramat murcèng Mentarum | kya katègan mangonah tampi | irhas nitis jeng sultan | Jawa wuwuh wangun | bocah lanang gèndhong kitib | pating srendhil lunga ngaji séhat terkis | duganya wit samana ||
  119. || Saya lama wuwuh wangun malih | brana sabrang dhapur sandhang-sandhang | miwah pangan ngejawa kèh | manut perbawèng lembut | punang irhas keng bangsa Mesir | tur kraton kanabéan | nguni bangsanipun | tumbuk lawan irhas Jawa | bangsa Wisnu wit mulya nèng Ampèl Giri | pulet wijil ing Tegal ||

PUPUH II
M I J I L

  1. || Mesjid karam sampé irhas mesjid | siti bu rat kaot | peksa ngalam Arwah panetesé | nèng prabawa ngolak-alik bumi | kambah mikrad nabi | nyamleng gandring gandrung||
  2. || Suprandéné wonten wus ngugemi | ujaré tan kéwoh | krana iku nguni rangka pè[544]lèt | kuna mula mring curiga manjing | Kuran mangèstuti | tuwuh rekning gandrung ||
  3. || Cangkrimané kang durung ngugemi | punapa dèn géndhong | twin cinangking myang dèn nun calaké | miwah kanthi kèrèkan manginggil | batangen sayekti | dimèn trang kang gandrung ||
  4. || Pambatangé kang sampun ngugemi | kaya tanpa kéwoh | tanpa wrana pra panggawé kabèh | kang mranani mung kang bangsa kadim | kodrat anyar iki | drema paring gandrung ||
  5. || Duk awang wung sagung pra dumadi | kang wonten wus miyos | pangkat tiga purwa wusanané | hyang pra nyata tri roroning tunggil | wiyosé pra bibit | sang tri kangen gandrung ||
  6. || Wangsalané kang durung ngugemi | catur mung mengkono | nyatur tembung kok mrono parané | begandringé tembung nahwu tangkis | tesya wus ya uning | durung mangsa gandrung ||
  7. || Wangsulané kang sampun ngugemi | nahwu tangkis gamoh | munggèng mikrad sampun tlu tisnatè | lap asra burak na tuwin | linnuriyah resmi | tunggal ngudah gandrung||
  8. || Miyosaken jarwa nyimit-nyimit | Hyang Suci Mahanon | lamun dalu mring rinané resmèn | miyos cahya saantiga swari | [545] langkepé mengkoni | mikrad pasuk gandrung||
  9. || Sampèng prana jeng nabi paplesir | tan kèngser sangking gon | andhap inggil murmurca parané | surya wulan minggat andon resmi | arah catur enting | kari gandrung-gandrung ||
  10. || Subekanahu watangala murni | suciné kinaot | kuna mula mengkono anané | sampèng tembé sirna bumi langit | kabèh padudoning | tanpa nisih gandrung ||
  11. || Asalatuhasalammungalih | salat salam mono | bangsa Arab nèng kawi jarwané | satatkolasalam wibudèki | kanggepa Hyang Widi | mring dasih sung gandrung||
  12. || Sun ya sira nadyan sira kami | kolanta mengkono | widanya darbèkira dhéwé | darbèk ingsun nadyan baliknya wis | keng pangkaté nguni | duk wrin babad gandrung ||
  13. || Sangking mikrad konduré jeng nabi | Kuran tan wiraos | lir Sang Mungsa lan Kilir panggihé | jimé Bima panggih Déwa Suci | mulih tan winarni | tanpa gandrunggandrung ||
  14. || Lagi duga kira namer siji | kalanya nèng kono | sakedhap pan kaéling wismané | jiwa raga katu pleng ing galih | lir pindhah wong ngimpi | jlegè ga[546]ndrunggandrung ||
  15. || Dèwi Maryam mérang mring wanadri | palakrama malumoh | pindha mikrad jagad walikané | mila manggih risang Jabarail | kaparingan siwi | tanpa resmi gandrung ||
  16. || Bangsa kulukiyah pun nang wiji | nyawané kinaot | mring jeng nabi pangkat nèng nyawané | bangsa wahdat gula batu kering | uluwiyah dhingin | water tebu gandrung ||
  17. || Bangsa akadiyat pun nang siwi | ujaré kinaot | wayah udiné paribasané | nabi ngujèr putrané Hyang Widi | wahdatnya prituwin | ngisab bolah gandrung ||
  18. || Won batangé kèh preré respati | wong begandring mono | yèn nyata trang wahanané angèl | lamun gandring gampang dèn waoni | mula kurang titih | wangun durung gandrung ||
  19. || Lir radinan miring meksih rumpil | legok menggerjeblog | pra sumimpang yèn ana pinilèh | lamun nuju resik wiyar radin | panca kang lumaris | nglantrag jing keng bagus ||
  20. || Pra gebaggan ela ratan bèndi | lebé sisa ngréyog | nyambi mangan wuwuha sanguné | nora cacad patungé wong urip | ya ta ing ngantya nglih | megatruhé gandrung ||

PUPUH III
MEGATRUH

  1. || [547] Pun nang mikrad sampé sajrah mutata wus | mrangguhi bibit pra kali | rong jodho Kosar lan Murud | wiji bengawan mring swargi | mili mring dunya sejodho ||
  2. || Bengawan Nél wadon Purat lanangipun | nèng gunung jurang kawijil | Purat mancur mungging kidul | arah lor ngetuk Kali Nil | ngidul ngétan milya galong ||
  3. || Sampèng laut tembéné kailèn banyu | numpah tlatah bawah angin | wus tempur sareng lumaku | katularan Wisnu cawis | jabat parémana campoh ||
  4. || Nempuh Pulo Jawa Purat mili ngidul | munggèng Enèl lor kang mili | tinggal tilas kalihipun | Purat lanang amper mijil | wukun Nèl kaliné wadon ||
  5. || Purat santer nèng lor Pulo Turki klangkung | senggama nèng Pulo Turki | sang Nèl lemper tempur nusup | anjog malih kidul Turki | ing jro parémana campoh ||
  6. || Pra ngliliti kalih kalih ilènipun | prapta kidul wétan Turki | tumapar resminé tutug | sampèng padon tapel langit | lyan bumi keng winiraos ||
  7. || Larasané Pulo Turki wategipun | [548] isi wong tan kena ngalih | kaisèn wong liyan lumuh | lauté angel kepati | sang dulkur nèn kang keprono ||
  8. || Duk èrnawa Buda mawal twuh nak putu | pra lwah-lwah kèh kèh lok wari | Arab paris tenapi rum | surasa caket mring langit | geng alit pangkat kadya wong ||
  9. || Duk sekaka ing widané wiyosipun | tumuwuh nèng bawah angin | kala dwiné bengawan gung | wenèh arané Pak Pening | pra milir mring sudarma wor ||
  10. || Kali resmi ping tigané wiyosipun | pranakané banyu kalih | kali twin bengawan agung | tumuwuh nèh Pulo Turki | pra mili tempur mring babon ||
  11. || Tuk èrnawa duk padon tapel bumi rawuh | peksa luwih bedhah langit | sang tapelnya kreta lumuh | wiyos mupisah gon dhingin | mengko kumpul nyalawados ||
  12. || Nulya piyak Nèl mangulon lampahipun | Purat mengulon lumaris | padu reksa sareng rawuh | ayun munggaha mring langit | sang tapel nyumbrama raos ||
  13. || Wis akumpul pisah malih apa wadu | gya Purat ngulon lumaris | Nèl mengulon sareng rawuh | nèng lor kulo[549]n tempur malih | saya gung yen jebol padon ||
  14. || Pun nang tapel pasang semut apepatut | mulihmu tinampik-tampik | baya kamuksanmu busuk | kadhalan mudhun hèr kalih | ngidul ngétan milya galong ||
  15. || Sampèng pulo ageng minggah lampahipun | pulo nyara kawulani | ana mulih metu nglambung | ing pundi sangkan duk mijil | ing paran memulih mrono ||
  16. || Babar mégawi olèh mulih mandhuwur | pethuk palak sangking nginggil | kanilé lestari mantuk | ing kabaré kumdaligi | babar udan wis mangisor ||
  17. || Sampèng laut sampun nunggal bangsanipun | déné kang tumibèng siti | miyosaken tanem tuwuh | mangkana surasa mijil | tembé tumbuh sami raos ||
  18. || Lautané bangsa Purat isi wadu | ngèlmu ulukiyah dhingin | Sang Kilir gedhong tur bakul | Nabi Mungsa olèh nempil | ngirid Yusak mrono buroh ||
  19. || Panunggalé wong sapantha pra rèhipun | jaré kitab ingsan kamil | Sang Kilir dumadya tunggul | dunung malékat ping kalih | putra Adam kang kapindho ||
  20. || [550] Kadang Kilir tunggil yayah rabi biyung | kayangané Pulo Turki | dajal lanat aranipun | dunung éblis kaping kalih | kenangan arané sing wong ||
  21. || Kang sepantha samya lumban langenipun | munggèng samodra banyu rip | pra samya nitih keluwung | warna-warna ana abrit |wenèh liyané mekono ||
  22. || Pati keluh tambang ngiras napasipun | pra bareng pasuk mring tasik | kang tengah tinempuh ngalun | mangsa kluwung bareng mati | ting krambang minggir kang layon ||
  23. || Sampèng pinggir pra umbak angumbukumbuk | kailènan lun kumbali | ting jronggol gesang sedarum | glar waliyolah pra sami | samengkonya sih mengkono ||
  24. || Bangsa Kilir mawi pétung dintenipun | sadinané ngalam Kilir | ngalam iki ta wus santun | surya wulané pan tunggil | nadyan Allah mung sawiyos ||
  25. || Nabi Kilir perbawèng jeng gusti rasul | dhukuh mring Mekah nyaketi | ngéjawantah salin dhapur | larasé sèh wis karani | mulang santri tigang pulo ||
  26. || Iku Kilir munggèng talkib dènya dhukuh | dhapur rondha tur rasulih | Mas Sèmirang pirang punthuk | mila Mekah [551] banyu mili | kang ngwasani dhudha wadon ||
  27. || Dajah lanat pasuk gerba rabènipun| purwa wetengan du maling | gya nyaket mring Mekah dhukuh | wetengan mangsawus lair | sampèng Turki pulih bojo ||
  28. || Kang bangsa nèl lautané isi wadu | pèni pèni bangsa lair | pra mirah inten jumerut | ija nganti olèh waris | munggèng ukandha purwa don ||
  29. || Titikané néwalpa jrih suratipun | Raja Ngat dhapuré èstri | lagi kandhem munggèng juluk | lugu lanang tur nerpati | mubenga Nèl ingkang wadon ||
  30. || Sang Ngat wadon apan katularan banyu | krana ku ratu mengkoni | saisi-isining laut | tur sinung kuwasa ngambil | sangking panglulu Hyang Manon ||
  31. || Tembung Kuran surasané nyamut-nyamut |cangkrimané nyimit-nyimit | wangsalané mawut sumwur | mrana-mranané mranani | kepranané nèng kang anon ||
  32. || Nadyan anon yèn tan uning durung anung | tan ana nung maning-maning | mung adu ananing aru | akèh adu kang nganoni | tanpa sisih nèng padudon ||
  33. || Ngalor sèjèn dhuwur sanès tengah dudu | lir rosan slonjor mandhiri | bongkot pu[552]cuk tengah tebu | tengah gandhéwa sapami | cam roro na pucuk bongkot ||
  34. || Kaba kusèn cangkrimané Surat Nujum | wangsalané Surat Kapi | Bagéndha Kilir amuwus | yatim loro nèng prajadi | Kilir Mungsa nunggil raos ||
  35. || Gendhéwané mring sang wahdat gula batu | cam loroné pyak pra pasir | kapancas mengisor tuwuh | cam loroné kaya nginggil | tilas tan owah sih wutoh||
  36. || Nginggil pisan kulakiyah pindha tebu | katularan banyu nyilib | mring babaran pasor katut | ngisor bligo babar tengkwih | pra rosing wil pangkat tuwoh ||
  37. || Pra klothakan tanpa dunung ngalam catur | atut Buda mamiyosi | Manikmaya samrica wus | gedhong tengah hèr mrutapi | bumi langit meksih kenthos ||
  38. || Myang Loh Kalam mangsa ngriku wiyosipun | swarga nraka gumatra wis | Budamanya gya tumuwuh | gumatra Manikmaya dwi | meksih nunggal siji nèng jro||
  39. || Risang pangilbi ihttiyar yasanipun | loh kalam sang pangil bataklil |swarga nraka labetipun | déné sang pangil bitakli | tilas Manikmaya loro ||
  40. || [553] Ngalam papat asenggama wiyosipun | Manikmaya wal nyimpeni | ping pindhoné kala tuwuh | ngampak awal kang nampani | sareng campoh awor umob ||
  41. ||Pan nyamodra mangumbak kang punang banyu | kemutug kukus miyosi | ingkang umbag nulya murub | kapiyat metuning angin | umbak kukus piyak adoh ||
  42. || Tengah lawang pager poncot kraket tepung | pitung bumi sapta langit | mring yoga atangkep patut | umbak biyut tan winarni | nglamongé sawiyos-wiyos ||
  43. || Babar tengah budyawal salangitipun | jroning nglawang luhur siti | banyu dul Hyang Ngin gya ladhu | tapel Adam wus cumawis | angentèni gawè slobok ||

PUPUH IV
ASMARADANA

  1. || Bumi banyu angin api | babarané Manikmaya | semon asih alus kabèh | keng pratak bidurung babar | wadhagé tapel Adam | yèn wus dhahar kuldi bésuk | dumadak tinggal pawuhan ||
  2. || Maya pindho tembé lair | lajeng nitis pra banu jan | binuwang tumibèng pulo | babar Déwa Nawa Sanga | nyawa jim lugu Buda | kraton Demak tengranipun | irhas kramat wali sanga ||
  3. || Tembé tapel kadang ku[554]ldi | yèn tapel ginawé dadya | ginaok suprih alusé | rontogé tumibèng swarga | tapelé sinung nyawa | tapel gandum gya tumuwuh | kuldi éblis kalih nama ||
  4. || Kang manggon nèng awal bumi | malékat juluk sang kalam | malékat nut bumi pindho | mupalil bumi ping tiga | mudasir ping sekawan | tembé yèn lemah kajumput | samya sung puja sampurna ||
  5. || Kang munggèng nèng awal langit | Sang Jabarail malékat | Sang Mingkail langit pindho | Ngisrapil langit ping tiga | Ngijrail ping sekawan | baga karya tapel bèsuk | suka puja paripurna ||
  6. || Hyang Maha Gung durung paring | osik mring gung pra malékat | lamun ngambila isiné | tleng Arab bumi antara| talibé lawan Mekah | krana ku sèrènan candu| duk kasaring Manikmaya ||
  7. || Tembé yènaring osik | malékat pan jumput lemah | siti kang munggèng astané | prabawa lir brani séla | binekta mring gegana| banyu geni angin katut| mring asta siti bedhama ||
  8. || Praptèng swarga catur langit | kang siti pinara tiga | pepisan loro gandhiké | sang tapel pinipis nulya | lawedan wus dumadya | gya ri[555]néka jalma rampung | pra begandring tiyub nyawa ||
  9. || Basané tapel kang kari | geni angin banyu lemah | ngila-ila mring kadangé | jan pindho catur gumana | sang geni angin toya | munggèng byantara kang nglumpuk | lir tapel nglumpuk nèng swarga ||
  10. || Lamun tapel gesang bènjing | catur jan katut kèwala | yèn sang Siti Kawa miyos | lan jan tuwuh banu jan | wolung jodho samya prang | trus sing resmi swarga luhur | kang ngandhap prang gya binuwang ||
  11. || Sang nur nuksmèng tapel bénjing | ngujwalèng luhur kasa wal | ngriku rembulan babaré | yèn tapel tibèng buwana | hyang candra anèng ngandhap | munggèng bumyawal gumantung | tapel kéntar bulan jalan ||
  12. || Gya Siti Kawa miyosi | ngujwalèng luhur kasa wal | mretèngga ngriku babaré | yèn Siti Kawa tumiba | kasangsang nèng gumana | surya nèng ngandhap gumantung | mlampah ngétan subuh pajar||
  13. || Sang kalih kala nèng langit | hyang candra kasih ujwala | mring surya tumanjèng sarot | hyang surya bayar buwana | lir ngulesi ngujwala | buntel binuntel gentya wus | babaré wengi rahina ||
  14. || Tembé senggama nèng swargi | ngisèni lumah buwana | [556] kutu walang taga miyos | wreksa gung alit rumputnya | kuldi wiji keng mula | Adam Kawa puletipun | lir barjah kulo wareganya ||
  15. || Gandring rampungé sinuprih | sampun dhawuh kang timbalan | mangkat ngambil ing sitiné | babar manungsa nèng swarga | dhapur sang Adam Kawa | pinatah wiji keng dunung | pacak suji wiji kuna ||

PUPUH V
G U R I S A

  1. || Painamauhum lapal | painahumkanuhalgina | ilasakangalaéna | aémadal kalamia | tenabawilmatnabangan | upibalahum ilanga | lamaninsibil akuwat | til adaniyat atuwa | ilangalamal jibilkuwa| til arwah kiyatu gurisa ||
  2. || Éblah sang pamungkas cahya | mring ngalam jim kala Buda | yekti dhapur tri prakara | dhingin mijil sangking yuda | campuh ing musuh rowangnya | dadi éblah kang prabawa | sampé ngalam jim kang tampa | jim digbya Panji Jenggala ||
  3. || Kang salaron mring kirana | titis sira sri utama | prang mungsuh Bremana kandha | titising Bathara Brama | nèng Panji Wisnu bathara | dhapur éblah ping kalihnya | mijil sangking makjira | puletané dèn waskitha ||
  4. || Mawi kabedhè[557]l kajaja | kaisèn cahya surasa | galih kinumbah ing tirta | jajamé Kosar hèrnawa | nitih burak lampahira | mlékat kadwi kang ngiringna | sampé nèng Masjidil Aksa | burak cinancang nèng kana||
  5. || Kang brekah wis mrana-mrana | sampun kliwat bumi sapta | rasa ngisoring kang guwa | unggahé nora rekasa | kang tindak sampéyanira | datan gumantung semana | rawuhé nèng kusènKaba | preju pasang bangsa kuna ||
  6. || Menahèng jan dian tara| ulet ingsun lawan sira | yekti para tan tumeka| lamun durung watak branta | pan nrima katri legawa | rèhta wus ngancik katiga | sun apanggih lawan sira | nèng Kaba kusèn witana ||
  7. || Basèki pléwatan juga | artiné Jawa gendhéwa | camé kalih dèn waskitha | kang makripat sampèng kana | jeng nabi pamungkas cahya | kunané wiji dumadya | mikrad Jépara Ambiya | sampé nèng kana mangkana ||
  8. || Pan ning endi saka laéna | kuncung traju cangkok dhuwa | nèng ngisoring kusènKaba | pléwatané kamangkana | ngèlmu prampungané rahsa | gya mring ngalam jim merbawa | dadiné ébah kang tampa | musthika ji[558]m kang pusaka ||
  9. || Bisikipun Ajisaka | babaré Radèn Suwangsa | kang sunu Sang Jayèngrana | Nabi Suléman kang bangsa | turun sangking Bulkis retna | babarané Dèwi Seca | wati bojoné sing kuna | Salya ratu Mandaraka ||
  10. || Sura kapeksa ngejawa | nèng marga nganggit wiwaha | kawin pawukon sengkala | bangsa ongilahèng kuna | pan nunggalé sastra jawa | kaping kalih titis Brama | darbé sunu dhapur naga |… ||
  11. || Wektunè sangking antiga | kang sabangsa anak ngrondha | sembawanè tata jalma | ngambah dhasar bumi bisa | kinèn nglurug menang yuda | cungulèku wus rerambya | cinancang nèng tuk sesanga | sapuniki asring kurda ||
  12. || Dhapur éblah kaping tiga | mijil saking salitira | subuh nèng bumi antara | Mekah tal-il munggèng madya | mrebawa dadi éblahnya | sampé ngalam jim kang tampa | lib lap jim lawan manungsa | aran Prabu Jayabaya ||
  13. || Tedhaké Prabu Sindhula | bangsa Hyang Sis kang manungsa | siji sangking Sang Nuh kuna | sangking jan bangsa Arjuna | Parikesit turunira | dadi pamungkas titisnya | Wisnu tumbuk lawan Brama | pangarepé ra[559]tu sapta ||
  14. || Kalihé ejim Jenggala | katiga Bathara Kresna | caturé Rama Wijaya | kang lima Arjunasasra | kanemé Sri Damar Maya | kasaptané maha raja | Pakukuhan awit tampa | ing titis Wisnu bathara ||
  15. || Ratu pitu sreng miyarsa | menga Jeng Sri Jayabaya | ya Pangran Jambu Karangnya | mring waosan nabi kita | wakallahinasamikna | wacané Kuran ngajaba | sampurnané paripurna | sumengka mring rasa mulya ||
  16. || Gya weweta mring sabangsa | pan ingsun sampun miyarsa | ing Kuran critané tapa | payo sami mangèstua | mring Pangran luhur priyangga | tan na garwa tan na putra | wus mangun jim ingkang mulya | kang lacut mungkur kéwala ||

PUPUH VI
PANGKUR

  1. || Éblah ingkang pra utusan | mring alam jim lir panahé Srikandhi | maring gutuké atutug | tapi durung tumama | sadurungé kabuntar senjatanipun | déning jemparing Arjuna | sareng thek nulya mranani ||
  2. || Mengkana éblah pra duta | klandhepané ngentèni subuh jeng nabi | pamungkas nur buwatipun | mrebawa dhapur éblah | mring ngalam jim éblah dadi balègipun | wus titis Wisnu bathara | myarsa waosan jeng nabi||
  3. || [560] Sadurungira mangkana | pun nang jagad dèn sengguh pangran luwih | déwa kang minangka rasul | bathara lir Sang Adam | ongilahèng sungkemé agamanipun | beciké tan oleh swarga | alané nraka tan manggih ||

PUPUH VII
M I J I L

  1. || Nuksmèng raras sirèng kadis dalil | rejasaning ngedon | mirid sangking kitab pangambilé | tabsir Ibnu Ngabas Ngulumudin | tarki bul Akmali | sedaya wus kusus ||
  2. || Mangsa iku anganggya negari | pasèk zamaning wong | tan kuciwa pamurwa twignyané | mupti catur kadar mukmin langip | Jeng Sang Ageng branti | ing tyas mangu-mangu ||
  3. || Mawang-mawang lyan temah ngèsemi | pamané sastra don | nging wus nembah tan wirang ing rèhé | nirbayèng tyas pracayèng trus dalil | kuthung tekèng sisip | pasrah byating èstu ||
  4. || Saèstuning sucipta patitis | titising suksma don | pinarena saèsthining tyasé | samintèng rat rinaras ngresepi | kungas nrusing puji | majuning ngaluhur ||
  5. || Kaluhuran utamèng dumadi | adi mulyaning don | tan lyan awit sing sastra tuduhé | kang winedhar munggèng papa[561]n tulis | kang tinembung gendhing | kinawi ing wuwus ||
  6. || Wus kaojat saisining bumi | ugering krahayon | dalil kadis ijemak kiyasé | pra pandhita jam ur myang musanip | wus kusus yektèni | yèn sastra linuhur ||
  7. || Pra leluhur myang para bèrbudi | pra sujana kaot | wus mupakat sastra utamané | dadya tuduh kamulyan budi | trusing awal akir | amot ing krahayon ||||

KAWRUH PAMIYAK

BAB KAPING: I
WONTENNIPUN PANGÉRAN

Kasebut, Sarupanning kahanan iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran.
Ukara ing nginggil punika béda kaliyan ukara ing ngandhap punika:
Saupanning kang ana iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran.

Punika ingkang lerês ingkang pundi. Samangké katerang[8]ngaken.

  1. Kang ana iki. Tegessipun: wontennipun bumi, langit latu, toya, angin tutuwuhan sato, tuwin sanés-sanéssipun ingkang bongsa awak (wujud).
  2. Kahanan iki. Tegesipun: wontennipun sakéca, wangi, gurih, cengér, riyu-riyu, seblak sedhih, sasaminnipun ingkang bongsa kawujuddan.

Ukara kakalih wau ingkang neteppaken wontennipun Pangéran ingkang pundi. Kula sumantakkaken dhateng sadhérék kalih tiga sakawan bongsa jawi ingkang déréng naté ngambah dhateng bab punika, panampinnipun sami kémawon boten wonten ingkang ambédakaken suraossing tembung kakalih wau: kang ana, kaliyan kahanan ingkang nélakaken dados seksi menggah wontennipun Pangéran.

[9]Samangké kapuwung, saupami suraossipun ukara kakalih wau kacarub kang ana, kasami kaliyan kahanan anannipun inggih kahanannipun sami kanggé seksi menggah wontennipun Pangéran, punika tumrapping basa punapa sampun manjing kaliyan  raossipun, sarêng manungsa sumerêp padhangnging serngéngé, utawi ron riyu-riyu teka lajeng ngandel bilih Pangéran punika wonten, kados pundi anggénnipun nyundhukkaken kaliyan nalar. Menggah pamanggihipun bongsa Jawi ingkang sampun kula sumerêppi sami ulah raos cariyossipun makaten:

Ingkang kénging kanggé neteppaken menggah wontennipun Pangéran punika empannipun poncadriya dhateng kahanan lirripun manungsa saged ngraossaken:

  1. Sakécanning tilem ingkang kasandhang.
  2. Sedhepping sekar mlathi ingkang kagondo.
  3. Gurihing santen ingkang kakenyam.
  4. [10]Cengérring swara ingkang kamirêngngaken.
  5. Seblak-seblakking lémbéhan ingkang katingallan makaten sasaminnipun manungsa lajeng pracaya bilih Pangéran punika wonten ingkang minongka seksi wontennipun gesang. Amargi sageddipun manungsa ngempakkaken poncadriya jalarran kasinungngan gesang dénning Pangéran dados pangandellipun manungsa dhateng Pangéran boten saking wontennipun barang, sato tuwin tutuwuhan pracaya saking gesangngipun piyambak utawi boten pracaya dhateng ingkang sampun katingallan, pracayannipun naming dhateng ingkang ngananni. Inggih punika Pangéran déné Pangéran punika gesang.

BAB KAPING II
KUWASANNIPUN PANGÉRAN

Kuwasa, tegessipun: kikiyattan ingkang linangkung. Inggih punika daya ingkang boten kasat paningal, manawi tumrapping barang, kuwasa punika sage[11]d nuwuhaken sarta nyirnakaken dhateng barang wau. Déné manawi tumrap dhateng angkara, tegessipun: karêp ingkang amrih tumangkar, wenang misésa sakarsa-karsa dhateng sadhéngah ingkang dipun kuwasanni, boten  wonten ingkang kaconggah nanggulang. Manungsa rumaossipun kapambengngan badhé nglajengngaken boten kuwagang pari paksa, amargi saking kawon kuwasa dhateng ingkang nguwasanni, inggih punika kawon kasantosan makaten ugi saben manungsa sampun rumaos gadhah kasantosan inggih sumedya badhé nguwasanni dhateng sangandhappipun,

Mongka nitik ingkang sampun katingal manungsa punika inggih gadhah panguwasa, sakajeng-kajengngipun kalampahan punapa ingkang sinedya ing donya janji sembada tamtu kadadossan kadibyannipun manungsa ngantos saged ngukur agengnging srengéngé, ngirup sumiratting sorot ngirup céngkokking swara. Migunaka[12]ken lampahing toya, sarta toya, sarta lampahing angin sami kawedallaken asillipun dumugi saged ngeréh sato kapindha manungsa, manungsa pindha sato. Dayanning kuwasa angébat-ébattaken sayektos, nanging sarêng manungsa boten saged ngekahi pejah gesangngipun ing ngriku saweg rumaos apes lajeng nganggep among Pasngêran ingkang langkung déning kuwasa. Tur sajatossipun  kadibyanning manungsa  ingkang ngébat-ébattaken wau, boten liya inggih saking kasinungngan gesang déning Pangéran, mila santosanning manungsa boten kênging kandellaken, awit sakathahing kasantosan boten saged ngungkulli kuwasa damel pejah gesang. Sanadyan kasantosanning manungsa saged damel pejahing liyan, kadosta: nyidra medhang jongga, nyanjata, tuwin liyannipun inggih jalarran kasinungngan gesang déning Pangéran, langkung malih sarêng manungsa boten saged damel gesang, saya rumaos bilih apes saged damel pejahing gesang, nanging bo[13]ten saged damel gesangnging pejah. Naming Pangéran ingkang kuwasa damel gesang. Samangké tétéla teteppipun bilih manungsa apes among Pangéran ingkang kênging sinebut: Ingkang Maha Kuwasa.

BAB KAPING III
LUHURRIPUN PANGÉN

Luhur, tegessipun: inggil punapa inggilling kahanan inggih punika dedeg punapa inggilling budi, inggih punika jembarring pamikir, ngantos saged nyarambahi ngandhap nginggil lajeng ngajeng wingking, kiwa tengen tuwin jawi jawi lebet babasan: buwengnging bawana kacakkan lepassing wardaya. Lah punika budi ingkang luhur.

Mongka manungsa inggih saged kadunungngan budi luhur, seksinnipun: tiyang ingkang boten nistha, ageng pangapurannipun ageng kawelasaanipun ageng rumaossipun ageng kawirangngannipun tuwin ageng [14] pitulungngannipun dhateng ngagesang ingkang sami nandhang sangsara, kasakit-sakit sarta kasisahan, punika nélakaken budi ingkang luhur, temah saged nuwuhaken luhurring asma, tegessipun: misiwur kautaménnipun, luhurring asma nuwuhaken kapracayan tuwin pakurmattan, makaten wau punapa boten wenang sinebut luhur.

Ingkang kapratélakaken ing nginggil punika inggih kénging sinebut luhur, nanging déréng kénging sinebut: Maha Luhur kados Pangéran, amargi kaluhurranning manungsa taksih mawi prenah, naming dumung dhateng ingkang dipun  luhurri. Inggih punika dhateng ingkang sami nandhang sangsara, kasakit-sakit tuwin kasisahan, déné kaluhurranning Pangéran boten makaten amumpunni sabawana, ingkang awon ingkang saé, ingkang sisah ingkang alit sadaya sami karobban kaluhurranning Pangéran boten wonten ing[15]kang cicir, manungsa sato tuwin tutuwuhan sadaya ingkang gumelar sami kasinungngan gesang sarta kalimputtan ing raos punapa déné kapraban saking cahyanning Pangéran mila Pangéran boten larang sinebut: Ingkang Maha Luhur.

BAB KAPING : IV
AGUNGNGIPUN PANGÉRAN

Agung: tegessipun: ageng kathah. Kadosta:

  1. Rathu agung = rathu ageng.
  2. Kali agung = lépen ageng.
  3. Ngagungngaké pangapura = ngagengngaken pangapunten.
  4. Sagungnging pakurmattan = sakathahing pakurmattan.

Manawi nitik teges ing nginggil punika Pangéran angadhahi suraos: ageng, sarta kathah, makaten wau kathah ingkang sami nganggep boten karêmbag kados pundi cundhukkipun kaliyan nalar, teka Pangé[16]ran mawi anggadhahi ageng sarta kathah. Mongka kasebut: Pangéran boten wonten katamtuwannipun tegessipun: boten kénging katamtokaken ageng inggillipun samanten punika mokal ing ngakal.

Samangké kabujeng. Bilih Pangéran boten kagungngan ageng tuwin boten kénging kacacahaken lah tetembungan: Pangérran ingkang Maha Agung, Pangéran amung satunggal punika badhé bibrah.

Dhasar inggih makaten, nanging kauninganna sarta kedah énget bilih Pangéran béda kaliyan sakathahing titah, béda samubarangngipun agengngipun titah kénging kaukur, samanten, wangsul Pangéran boten makaten agengngipun angebekki bawana, mengku sakathahing ukurran tuwin takerran cacahipun mengku sakathahing pétang, dados sampun boten mawi kaukur sarta kacacahaken awit barang ingkang kaukur sarta kaca[17]cahaken punika badhé kanggé péngettan kaliyan tatandhingngannipun mongka Pangéran boten wonten ingkang nandhingngi. Saupami badhé dipun sumerêppi angengngipun Pangéran kuwasa nukma barang ingkang langkung  alit kadosta, nukma dhateng tengu. Saupami badhé dipun sumerêppi alittipun Pangéran kuwasa nukma ngeplekki agengnging gajah. Makaten ugi saupami bahdé sumerê cacahipun Pangéran kuwasa dados tukkipun sawarninning cacah. Boten wonten tunggillipun, déné Pangéran kasebut: Ingkang Maha  Agung, déné ngébekki bawana agengngipun boten wonten ingkang  nyaménni.

BAB KAPING : V
SUCINNIPUN PANGÉRAN

Suci, tegessipun: rêsik boten kawowo[18]ran boten kados rêsikking badan sarana siram, rêsikking padharran sarana jampi urus-urus, rêsikking tetedhan sarana dipun oncékkki, kakumbah, sarta dipun ratengngi. Rêsikking panganggé sarana kawasuh.  Rêsikking papan panggénnan sarana dipun saponni utawi dipun  kelutti, rêsikking pandamellan sarana kamungkullan, rêsikking basa sarana kasuraos, rêsikking pamikir sarana kapeleng. Suprandéné sadaya wau boten saged maligi, amargi pinten-pinten ingkang dados sambékala tuwin godha rêncananning donya, makéweddi dhateng lampah ing kasucén sabab saking boten saged tetep sarta rampak wonten ingkang kinggillen kandhappen kangengngen kalitten kapanjangngen kacelakken kaciyutten kawiyarrên sasaminipun, punapa déné wonten saged-saged malih, wonten busuk-busuk malih, tansaha nuwuhaken éwah-[19] éwahan, mila tiyang ulah kasucén bilih boten  santosa tékaddipun amrih jugar saking ardanning kadonyan, déné sucinnipun Pangéran saged murni tuwin maligi. Ngibarattipun kados déné papadhangnging sorot sanayan kanggé nyuluhi papan ingkang langkung kether, éwadéné boten saged katuttan susuker. Mula Pangéran tetep kasebut: Ingkang Maha Suci.

BAB KAPING: VI
MULYANNIPUN PANGÉRAN

Mulya, tegessipun: sakéca, saras tuwin pulih. Kadosta:

  1. Wis mulya = sampun sakéca = sampun saras = sampun pulih.
  2. Oléh kamulyan = angsal kasenengngan sarta sakéca.
  3. Di mulyakaké = dipun dandossi = dipun pu[20]lihaken.
  4. Bongsa mulya = bongsa sugih raja brana kanthi sakéca.
  5. Mulya kadi wingi uni = saras kados suwaunnipun

Sadaya wau wossipun saé sarta sakéca, kadosta: badan saras mangén papan ingkang langkung éndah, tur langkung sakéca, manah langkung seneng, nedha langkung miraos nyandhang nganggé langkung adi, punika nama mulya. Éwa déné tumrapping manungsa taksih mawi éwah gingsir, kamulyannipun boten saged tetep sarta inggih taksih saged kénging sambékala saking sababbing kadonyan, bilih kamulyanning Pangéran saged dumunung wonten ing papan ingkang padhang tarawangngan tanpa kara-kara, inggih punika ing alam kaalussan raossipun naming nikmat tuwin manpangat, mongka bilih manungsa sanadyan anglampahana sapinten kamulyanning donya, meksa taksih ngra[21]ossaken: sayah, ngerês linu, arip tuwin luwé. Boten montra-montra bilih katandhing kaliyan ingkang dumunung wonten ing alam kaalussan, mila lajeng kateteppaken among Pangéran ingkang langkung dénning mulya, kasebut: Ingkang Maha Mulya.

BAB KAPING: VII
ADILLIPUN PANGÉRAN

Adil tegessipun: larês, kadosta:

  1. Mengku adil = mengku lerês.
  2. Nedha adil = nedha lerês.
  3. Ngadilli = mancassi lelerêssan.
  4. Pangadillan = enggén lelerêssan.

Adillipun manungsa mawi katata kanthi dipun watessi, sarana pranatannipun ingkang kuwasa nyepeng pangadillan sarta boten mawi dipun katingallaken suméléhing nalar, punapa déné ingkang kathah naming kénging pa[22]trappan kémawon kadosta: ingkang nyambut dame angsal pituwas sapinten janjinnipun, ingkang katrimah kaganjar, saka parêngngipun ingkang angganjar. Ingkang kalepattan kaukum, ingkang ambangkang préntah kaukum, ingkang miturut préntah boten kaganjar, namungkanggé dados karéréhan kémawon, ingkang damel rêsah kaukum, ingkang damel tata boten kaganjar, naming kaalem kémawon, sadé tinumbas ingkang bathi kénging ragad ingkang tuna boten angsal tombok, makaten sasaminnipun, dados adillipun manungsa taksih éwah-éwah, sarta miturut adat cara ing pundi dunungngipun piyambak-piyambak, mila wonten ingkang mungel: Ing Donya Ora Ana Adil.

Dipun pabenni: bilih boten wonten adil perlu punapa pados adil.
Dipun pabenni gentos: mila pados a[23]margi boten wonten adil.
Dipun pabenni malih: O…, punika naming ubeng-ubengngan ginem sanadyan dipun padossana bilih sampun tétéla boten wonten adil mongsa sagedda kapanggih, tiwas kangéllan kémawon.

Ing donya sayektossipun inggih wonten adil, nanging adillipun manungsa béda kaliyan adillipun Pangéran , adillipun manungsa kados ingkang sampun kapratélakaken ing nginggil, déné adilling Pangéran boten makaten winastan: adil sajati. Tanpa pranatan tanpa wekassan boten mawi mawang ageng alitting pangkat utawi tedhak wawatonnipun janji manungsa sami manungsa inggih sami, sato sami sato, tanemman  sami tanemman barang sami barang, sadaya sami tata piyambak-piyambak sarta tatimbang boten mawi bot sih. Ingkang angsal adil punika sawarninnipun ingkang nglampah[24]i, nglampahi saé angsal saé, nglampahi awon angsal awon, ingkang nglampahi pandamellan angsal pituwas sawawrattipun (boten wawaton janji), déné pakantukkipun awawatpn pétang, upami: saben arta: 1, rupiyah angsal wéwah:1, sén saben: 2, rupiyah inggih angsal wewah: 2, sén makaten ugi saben arta: 1, rupiyah suda: 1, sén saben arta: 2, rupiyah inggih suda: 2, sén dados mawi titimbangngan jejeg cekakkipun sakathahing lalampahan begja cilaka, mulya sangsara, sasaminnipun boten mrojol saking adilling Pangéran sarta tetep boten  éwah sarambut.

Tumrap pangadillipun manungsa, sampun tamtu kathah ingkang boten narimah, sabab adillipun manungsa sulaya kaliyan  adillipun Pangéran, lirripun makaten upaminipun tiyang kakalih ingkang satunggal sugih, satunggallipun malarat, ingkang ma[25]rat boten narimah ing manah, déné béda kaliyan ingkang sugih, ngantos kawedal pangundhamannipun: Pangéran ora adil Si Suta kaé wong sapadhaku baé teka bisa sugih, généya aku iki dadi malarat mangkono iku Pangéran apa adil.

Pangundhaman ing nginggil punika salingsingngan ing panampi, lirripun makaten tiyang kakalih ingkang sugih kaliyan ingkang malarat wau, sayektossipun sampun sami kasinungngan pangretos, upaminipun manawi kapéngin sugih puruggipun kedah mangidul sarta lampahipun ingkang jujur. Wusana ingkang satunggal mituhu terus mangidul sarta lampahipun inggih jujur, boten salah wéng-wéng, wekasan inggih sugih sayektos, déné ingkang satunggal lampahipun mawi nyaléwéng, boten naming nyaléwéng mangilén kémawon jebul malah ambalik manga[26]lér, sampun tamtu angsal pituwas kosok wangsullipun ingkang mangidul jer punika pandamellipun piyambak, wonten malih ingkang nguciwanni, dhateng adillipun Pangéran.

Dosanné wong urip ana ing donya, upamanné sapisan ping pindho, ping telu. Mongka bakal nampanni siksanning adil ana ing ngakirrat sajeggé, mangkono iku apa ora sungsat banget tinimbang karo dosanné. Sanadyan dosanné manungsa salawassé urip ana ing donya, upama umur: 60, taun tansah gawé dosa  baé. Nanging yén nampanni paukumman sajeggé ana ing ngakirrat iya meksa during timbang, kéh-kéhé dastun mung: 60, taun, padha karo lawassé umurré. Yén oléh siksa enggeng-enggengngan i[27]ku apa adil.

Pangunek unek ing nginggil punika saking déréng sulangipun kémawon sajatossipun adilling Pangéran tetep sarta timbang, boten siwah samendhang, makaten.

Tiyang  dosa ingkang kasiksa ing ngakirrat sajeggipun punika sampun adil awit tiyang katrimah wonten ing donya, inggih angsal ganjarran wonten ing ngakirrat sajeggipun, mila tiyang gesang wonten ing donya boten kénging sembrana, kedah ngatos-atos sarta damel kasaénnan pinten banggi kaconggah ngrungkebbi dhateng kautamén tiyang wonten ing donya babasan: kena pisan luput pisan.

Sulangnging piwulang ingkang andadossaken boten sumelang, punika lajeng neteppaken bilih among Pangéran ingkang Maha Adil.

[28]BAB KAPING : VII
PAMBUKANNING MANAH DHATENG PANGÉRAN

Ingkang sampun kasebut wiwit Bab Kaping: I, dumugi ing Bab Kaping: VII, andhokkipun boten liya sami wonten ing gesang, dados sampun tétéla sanget gesang punika dados tucking kawruh. Éwa déné nalarring manungsa terkadhang wonten ingkang déréng narimah, makaten.

Sadaya daya ingkang dados bundhellannipun sami wonten ing gesang. Bilih makaten punapa gesangnging manungsa punika inggihwujudding Pangéran, mongka ingkang nama gesang punika boten ngemungngaken manungsa kémawon sato tuwin tutuwuhan inggih sami  kadunungngan gesang, kados pundi cundhukkipun kaliyan Pangéran, punapa sato tuwin tutuwuhan punika inggih wujudding Pangéran, saéstu damel ribedding pangraos.

Dhasar inggih makaten, punika pancén dédé pra[29]kawis ingkanfg gampil, prakawis ingkang maéwu-éwu pakéwed awis ingkang saged andungkap, amargi saking alussing seserêppan saha labetting suraos mila wonten  babasannipun: mung sasmita anéng jagad angebekki, dinumuk datan kena.

Éwa déné saréhning kacariyos prakawis punika kaluhur-luhurring seserêppan bilih sampun kacapeng andadossaken pamarêmming manah, manawi temen-temen pangungseddipun sarta kasinungngan wahyunning kawruh, dangu-dangu inggih saged kacakup, naming kedah wening pamikirripun sarta nentremmaken manah. Manungsa wonten ing donya sanadyan boten kacepeng kasugihannipun janji kacepeng wilijengngipun punika png-pengngan sanget, tétéla sampun nyepeng kawruh sajatinning gesang, kénging winastan: amblancang kamajengngan.

Menggah cundhukkipun Pangéran kaliyan gesangngipun manungsa, sato tuwin tutuwuhan ngibarattipun kado[30]s déné papan kasorottan wahyanning Pangéran ingkang dumunung wonten pancerring jagad, saréhning gesangngipun manungsa kanthi kasinungngan budi sarta buntassing pangraos andadossaken sumerêppipun dhateng pancerring jagad ingkang dumunung wonten telengnging budi. Lah punika ingkang kénging winastan: sampun sumerêp ing dunung, sok sumerêp padunungngipun inggih badhé sumerêp ingkang andunungngi. Sinten ingkang kadunungngan budi, inggih punika gesang ingkang cundhuk kaliyan wontennipun Pangéran, nanging prakawis punika walak-walak wonten landhepping panggraita, sanadyan sampun prasasat malecék bilih tansah kondhang inggih andadossaken boten mudheng, nélakaken déréng angsal wahyunning kawruh kajatén, éwa déné ingkang kuwawi kadhawahan wahyunning kawruh punika boten pilih manungsa.

Déné dhapukkannipun tiyang ulah kajatén punika mawi lampah mangun kautamén ngluhurraken budi, [31] anggayuh karahayon nipissaken kadonyan ngésthi mulyanning kawusanan


DOKUMEN BERSAMA Dr WIGUNG WRATSANGKA