Postingan

SERAT BEGANDRING MAYANGRETNO

Gambar
PUPUH I DHANDHANGGULA || [510] Manising swara manglipur branti | genging branta tan lyan kang kacipta | mung Jeng Sri Digbya pasihé | lan luhuring kang kawruh | ilhaming tyas ingkang sejati | trus trang kabul Panyipta | kakékat insanu | cam loro wus dadya jura | liyep nétra sawang sasi katawenging | wus tan rasa rumangsa || || [511] Anglir tawon gumana sayekti | umpamané lir ményak lan pohan | sinigeg genti anggité | duk purwanipun tembung | layang Jawa panuju gandring | rikalanya kababar | ngulama kèh bingung | maido tinggal pathokan | tan nyana mring donga rasultan Jlayani | babar nyenyandhung watang || || [512] Sapa nyana basan nora ngimpi | yèn kadhelé babaré mangkana | nèng buntelan dadi témpé | mengkono sanak kaum | kang lumancang peksa maoni | marang begandring kita | pinter dadi busuk | wignyané mring lapal gempal | darbé timpé tumandur tumajèng sabin | thukulé pira bara || || Remengkuhen pangkuh tan mengkoni | tanpa pétung kamulyan ing Jawa | mung Mekah kandheg gandringé | mri...

KAWRUH PAMIYAK

Gambar
BAB KAPING: I WONTENNIPUN PANGÉRAN Kasebut, Sarupanning kahanan iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran. Ukara ing nginggil punika béda kaliyan ukara ing ngandhap punika: Saupanning kang ana iki dadi seksi mungguh ananning Pangéran. Punika ingkang lerês ingkang pundi. Samangké katerang[8]ngaken. Kang ana iki . Tegessipun: wontennipun bumi, langit latu, toya, angin tutuwuhan sato, tuwin sanés-sanéssipun ingkang bongsa awak (wujud). Kahanan iki . Tegesipun: wontennipun sakéca, wangi, gurih, cengér, riyu-riyu, seblak sedhih, sasaminnipun ingkang bongsa kawujuddan. Ukara kakalih wau ingkang neteppaken wontennipun Pangéran ingkang pundi. Kula sumantakkaken dhateng sadhérék kalih tiga sakawan bongsa jawi ingkang déréng naté ngambah dhateng bab punika, panampinnipun sami kémawon boten wonten ingkang ambédakaken suraossing tembung kakalih wau:  kang ana , kaliyan  kahanan  ingkang nélakaken dados seksi menggah wontennipun Pangéran. [9]Samangké kapuwung, saupami suraossipun ukara...

SULUK SUKMO LELONO

Gambar
Dening : R. Ng. Ranggawarsita Punapa yen wus kakekat, estu lajeng sarengatnya kawuri, yen saking pamanggih ulun, tan wonten kang tinilar, jer muktamat ing hadis ugi kasebut, kak tanpa sarengat batal, sarak tanpa kak tan dadi. Paran Gusti yen kapisah, temah mangke kakalihira sisip, kang lempeng taksih ing kawruh, sakawanira tunggal, ngelmuning Hyang sarengat myang tarekatu, kakekat miwah makripat, punika kamil apdoli. Terjemahan: Suluk Suksma Lelana Apakah jika seseorang sudah sampai ke tingkatan hakikat, dia boleh meninggalkan syariat? Menurut pendapatku dan pendapat Hadis tak boleh ada ajaran syariat yang diabaikan, karena kebenaran atau haq tanpa syariat tak jadi dan syariat tanpa haq batal juga. Perjalalanan menuju Tuhan tak boleh hanya dengan pendekatan secara partial, mereka harus melakukan empat hal itu sebagai satu kesatuan, yaitu : syariat, tarekat, hakikat, dan makrifat, inilah suatu hal yang sempurna.